Sunday, October 6, 2013

SIRAMAN LAN KEMBANG MAYANG ( BAHASAN RINGKAS BAHASA JAWA )

UPACARA ADAT SIRAMAN

Salah sijine adat tata cara pengantenan yaiku siraman calon penganten . Sakdurunge acara siraman calon penganten putri, sedina sakdurunge sing duwe gawe wis utusan paraga golek banyu sumber pitu , sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa wujud sendhang utawa sumur ,dadi dudu banyu kali sing ora suci amarga wis reget 
Sakwise calon penganten putri dibusanani busana siraman , rambut diore , dikanthi mijil saka kamar busana, sungkem caos bekti luwih dhisik marang sepuh piniji ( putri ) kang lungguhe wis ditata sakdurunge , jejer-jejer .Urutan sing keri dhewe lenggahe ibulan ramane calom penganten putri . Sakwise sungkem pangabekti , calon penganten putri tumuli dikanthi dening dening rama lan ibune manjing papan siraman . Calon penganten putrid dilenggahake ing papan siraman kang wis cinawisake.Rama lan ibune banjur nampa banyu sumber pitu saka paraga kang piniji ,sabanjure banyu sumber pitu kacampurake ing jembangan kang arep dienggo siraman .Sakwise banyu dicampur, dhukun penganten ngandani para sepuh putrid kang piniji mbaka siji nyirani calon penganten pungkasane rama lan ibune .Rampung siraman nuli nindakake acara pecah pamor.Carane ,kendhi pratala sing isi banyu dicurake dening ramane kanggo wudlu tumrap calon penganten putri sing muslim ,dene saliyane cukup kanggo raup nganti banyune entek.Yen kendi wis kothong,banjur dicekel bareng dening rama lan ibune ,kendhi ditibakake utawa dibanting karo ngucap :”Aku ora mecah kendhi,nanging mecah pamore anakku”.Sakwise kendi pecah ,calon penganten putri banjur dianduki lan dibopong  mlebu kamar proboyoso dening rama lan ibune,pepindhane kaya digendong kanthi kebak rasa tresna asih .

RINGKESAN WACAN SIRAMAN
  • Siraman yaiku suatu prosesi ( upacara adat ) ingkang nggadahi tujuwan ngeresiki reregeting awak lair tuwin batin .
  • Ingkang dibutuhaken ing upacara adat Siraman yaiku :
1.   Banyu utawa toya saking 7 sumber ( 7 tuk )sing beda panggonane . angka pitu ing upacara siraman nggadahi arti pitulungan kanggo panguripanne calon penganten .
2.      Banyu utawa toya sing dikumpulke mau kudu saka kaluwarga sing sejahtera .
3.      Toyane uga kudu saka kaluwarga  sing isa menehi teladan urip ( Keluarga terhormat ).
  • Paraga yaiku wongsing nyirami penganten nganggo banyu siraman mau .
  • Wong paraga : 7 pasang kaluwarga sing isih utuh , 7 pasang kaluwarga sing sejahtera , 7 pasang kaluwarga sing wis tuwa ( wis pernah nikahake anakke ) , 7 pasang kaluwarga sing isa maringi teladan urip .
  • Kendi pratala yaiku wadah banyu siraman .
  • Nalika kendi pratala dipecah karo wong tuwane penganten , wong tuwa penganten mau ngomong “Aku ora mecah kendi iki ,ananging mecah pamore anakku supaya dadi pribadi kang utama” .
  • Ruang probosuyasa yaiku ruang rias penganten putri supaya dadi ayu sawise upacara siraman dipungkasi .
                                
                                                            

                                                  Gambar kendi pratala ing upacara adat siraman

KEMBAR MAYANG
Kembar mayang biasane digawa ing acara “ Temu Nganten “ ing ngarep lawang omah penganten putri . Kembang mayang iki digawa karo sepasang praja utawa remaja wadon lan sepasang praja putra sing iseh jejaka lan perawan .Kembar mayang sing digawa karo pihak putri dituker kaliyan kembar mayang sing digawa karo pihak penganten kakung.
Miturut tradisi Jawa sing sampurna utawa lengkap, kembar mayang yaiku karangan sekar utawa kembang sing terdiri saka godhong-godhong wit klapa( janur ) sing ditancepake ing tanggul klapa . Lan dekorasi kembang mayang iki duweni makna utawa arti sing becik.
  • Hiasan sing bentuke awujud gunung dhuwur lan amba ngelambangake yen penganten kakung kudu berpengetahuan luas utawa duwe ilmu pengetahuan sing becik , berpengalaman , lan sabar .
  • Hiasan sing bentuke awujud keris duweni arti supaya pasangan penganten kudu ati-ati ing panguripane .
  • Hiasan awujud cemeti utawa cambuk, duweni arti pasangan kudu berpikir positif sing harapane supaya uripe bahagia .
  • Hiasan awujud payung nduweni arti pasangan kudu ngelindungi kaluwargane dhewe.
  • Hiasan awujud walang nduweni arti pasangan penganten kudu tangkas,berpikir cepet , lan jupuk kaputusan sing bener nganggo keslametan kaluwargane.
  • Hiasan awujud manuk : pasangan kudu nduweni tujuwan urip sing becik .
  • Godhong ringin : pasangan kudu ngelindungi kaluwargane dhewe lan wong liya .
  • Godhong kruton : nduweni arti ngelindungi pasangan penganten saka roh jahat .
  • Godhong dadap serep : nandaake pasangan penganten kudu duwe pikiran jernih lan tenang ngadhepi masalah kaluwargane .
  • Bunga patra manggala : digunaake nganggo hiasan kembar mayang .

 
  Gambar kembar mayang sing digawa pihak putri dituker kaliyan kembar mayang pihak kakung
   
  
 GAMBAR KEMBAR MAYANG PENGANTEN JAWA

                   

8 comments:

Unknown said...

Terima kasih. Info tipsnya sangat bermanfaat.. tinggal praktek saja...😇
www.anariasouvenir.com

Unknown said...

matur nuwun anggenipun samput nyerat babakan Siraman, saking kulo bocah Solo ing perantauan ingkang sak meniko nembe belajar malih adat jawi. amargi kolo kolo wekdal dipun suwuni mbeto acara nikahan ....

firlyyyfee said...

Asal usulnya siraman itu gimana ya? Tolong dibantu karena ini tugas sekolah 🙏

Unknown said...

Maturnuwun

Nathania Angie said...

yang tentang upacara adat lamaran dong kak😭😭

Unknown said...

Luvluvvv💛

Unknown said...

Luvluvvv💛

Unknown said...

Luvutooo <3